Tuesday, October 14, 2008

Inyong bangga dadi wong Ngapak!! Ngapa dadi wong sejen??

Wis suwe jan-jane inyong mikir..ngapa sebabe wong-wong padha isin nek ngomong ngapak. Nek dibanding bahasa daerah sejene, pancen ya madhan atos nek dirungokna. Tapi, jajal bae, pelawak dadi laris gara-gara ngomonge kaya inyong. Ya mbok? Sebut bae Parto Patrio sing ngomonge pating blekuthuk kae....sejene maning Cicie Tegal...terus Mamak'ke neng sinetron si Entong! Kabeh mau wong-wong sing ngangkat bahasa ngapak ke pentas nasional. Apa ora bangga kuwe? 

Tapi inyong dadi priatin karo keadaan siki. Masalahe inyong dhewek, sing asli lair neng Banyumas, kadang juga melu-melu isin nganggo bahasa ngapak! Terutama nek lagi neng njaba Banyumas..Wis jan..kebangeten banget ya? Tapi inyong ora dhewekan kok...Kae..wong-wong sing padha kerja neng jakarta, nek bali neng desane, ngomonge wis elu-elu gue-gue...sing bali sekang Malaysia, ngomonge wis nadane kaya Siti Nurhaliza... Aduuuuh mumet inyong!!

Ndeyan, wong-wong padha isin nganggo bahasa ngapak kuwe, sebabe masyarakat Indonesia menganggap bahwa bahasa sing dinggo awake dhewek kuwe pancen lucu...dadine nek padha krungu ya langsung ngguyu kemekelen. Akeh juga sing padha ngece...dadine nambah wong-wong sing asline nganggo bahasa ngapak, pada ora "pe-de"

Padahal bahasa ngapak, wis dadi aset nasional lho...malah nek tek pikir-pikir, bahasa ngapak kuwe lewih "Punya Teeiiis" jarene bocah siki.... maksude..bahasa ngapak lewih "ekspresif", blak-blakan...apa anane..ora ditutupi, ora basa-basi langsung maring permasalahan... Iya mbok?

Pokoke, mulai siki inyong bangga dadi wong Banyumas, inyong bangga nganggo bahasa ngapak...

Merdekaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaaa!!!

4 comments:

  1. Ngapak maning ngapak Maning.......Ojo kaya kowe Fik...

    ReplyDelete
  2. >.< kanca kanca kuliahan sing asale ska banyumasan mandan isin nek ngomong ngapak, mbuh ngapa

    ReplyDelete
  3. Hidup NGAPAK..!!!!! sing ngeCe ndase di keplAKKK!!!

    ReplyDelete
  4. woy!! Ojo ngece thoo....!!
    NGAPAX is Way Of Life...u know....
    Wakakakakakakak......

    ReplyDelete